Lagu Jawa rohani-Kidung Pasamuwan KPKA- No 21-30 [Lirik Video]
Lagu Jawa Rohani KPKA
Nomor 21 - 30
KPKA 21. Palimirmanipun Allah
1: Gusti kula ingkang wontening swarga pinujia Paduka ing slaminya sestu agung sih palimirmanta haleluya, Haleluya.
2: Gusti rawuh manjalma aneng donya, awit welas nebus gunging tyang dosa, rinukunken lan Allah Sang Rama, Haleluya, Haleluya.
3: Gusti seda krana kula tyang dosa, de wungune panjer gesang sanyata, mila kula mituhu dhawuhnya, Haleluya, Haleluya.
KPKA 22. Kasampurnanipun Gusti
1: Kula nggunggung-nggunggung Gusti sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci, sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan, tyang ngupados kayektosan suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa, wit tresnanya trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya.
2: Gusti ngundhangken pawarta luwarira tyang miskin papa, sing sangsara mrih raharja, nggih pangentasan sanyata kang tinindhes lan kinunjara, pulih harkat martabatnya, tyang kang nandhang raga samya den sarasna, wah mbabama tahun yobel taun adya, nggih sih rahmating Sang Rama.
3: Duk Gusti siniya-siya, siniksa lan sinalib seda, tan males srana piala, mring tyang kang sengit mengsahi malah winales tresna yekti, kadongakna mrih basuki, Yesus Gusti kula manungsa sampuma; nyantosakna greja dalah tyang pracaya, nulad ing kasampurnannya.
KPKA 23. Tansah Saos Syukur Mring Gusti
1: Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi, sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi, abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya, wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.
2: Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat, wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar, tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi, sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti.
3: Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan, ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan, kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa, kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem.
KPKA 24. Panggunggung Konjuk Mring Gusti
1: Swawi prakanca kang sami pracaya Den sora sora angalembana mring Gusti kita kang Maha wilasa.
2: Sihing Pangeran mring kita pra umat, tanpa wilangan wah tanpa kendhat, yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.
3: Kita tyang dosa nging Allah ngaksama, krana Kang Putra sinalib seda, wit sihing Gusti kita dados suci.
4: Sihing Pangeran yogya den timbangi, srana kasetyan tresna wah bekti, nyaosken badan dados kurban gesang.
5: Swawi pra suci temen anglampahi, prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi srana Sang Roh Suci.
KPKA 25. Ngabekti Mring Gusti
1: Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati sami ngabekti memuji mring Gusti. Ajrih sumelang sedhih lan kasangsaran ginantos kabegjan sihing Pangeran.
2: Ngidung tan kendhat sru nggunggung Kang Murbengrat, ngetung mukjijad lan sagung sih rahmat, lubering berkah sing swargi tansah tumrah, nyantosakken manah nyirnakken semplah.
3: Tansah ndedonga sumarah mring Sang Rama miwah rumantya nglawan mring panggodha, pra tyang pracaya klayan saeka praya, silih mbiyantonana amrih jaya.
KPKA 26. Puji Panuwun
1: Sumangga prakanca marek ngarsaning Gusti anggunggung asmanya wit sihe kang sejati, de krana Kang Putra kita tansah begja siang dalah ratri Gusti kang ngrimati.
2: Yehuwah Makwasa kang paring kabingahan, lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan, krana Yesus Gusti maringken Roh Suci, kita dados panggah mituhu mring Allah.
3: Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti, kawula anggunggung kanthi sruning pangidung, Allah ingkang murba pra titah sadaya, mung Allah pribadya langgeng salaminya.
KPKA 27. Asmane Gusti Kulo
1: Neng kasa ngumandhang asma sajuga, Kang anepangaken jagad lan swarga datan wonten asma kados punika kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa, napa sami dereng wanuh yeku Gusti Yesus Kristus asmane.
2: Wus pantes asmane lan pakaryane, rawuhe ing donya wit gunging sihe, nebus tiyang dosa, sinalib seda, gya wungu nyawisken swarga mring kula, napa sami dereng wanuh, yeku Gusti Yesus Kristus asmane.
3: Sang Kristus samangke ngratoni swarga, ngasta pangwasane Allah Sang Rama, ngadili jagad ing mbenjing rawuhe, kula pareng ndherek ing kamulyane, yeku Kristus Sang Pamarta, punika asmane panutan kula.
KPKA 28. Sowan Mring Gusti
1: Sumangga sowan Gusti, Haleluya, srana kidung pamuji, Haleluya.
2: Tyang pracaya nyawiji, Haleluya, ing tresna tulus yekti, Haleluya.
3: Pujekna gung panggunggung, Haleluya, kidung konjuk Hyang Agung, Haleluya.
4: Asmane den suwurna, Haleluya, wit luber sih setyanya, Haleluya.
5: Tilingna sabdeng Gusti, Haleluya, klawan pracaya yekti, Haleluya.
KPKA 29. Kamulyanipun Gusti
1: Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi wah gumleger ing gludhug ing akasa kula ngungun gunging kamulyanta.
Ref: nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa, nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.
2: Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya, wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi.
3: Yen siniram ilining samirana wah tinempuh ombaking samodra, ngganda sekar kang arum miwah endah manah ngungun wit gunging pra titah.
4: Klangkung ageng gunging sih susetyanta, kang ngurbanken Sang Kristus, Sang Putra, sinalibken, seda tedhak mring nraka, mrih manungsa basuki slaminya.
KPKA 30. Pujinen Hyang Makwasa
1: He pratitah sadarum samya ngrepekna kidung konjuk Hyang Makwasa kang gunging sih susetya, Haleluya, Haleluya.
2: Pujinen Hyang murbeng rat, Gusti kang gung sih rahmat, ngreksa lan ngayomi, ngrumati mrih lestari, Haleluya, Haleluya.
3: Allah kang Mawilasa wus nylametken manungsa, slaminya pinuja, wah tansah pinundhia, Haleluya, Haleluya.
