27 November 2024

Dalu Adi (O Holy Night - Bahasa Jawa)-Nella Kharisma

Kidung Pasamuan Kristen 244

Dalu Adi

Lirik Kidung Pasamuan
1. Dalu adi abyor cahyeng kartika dalu suci miyosing Pamarta jagad raya kang risak wit duraka den pulihken pindha Pirdus mulya pra manungsa kang sangsara wit dosa linuwaran mrih tentrem raharja Reff : mangga sujud saos bekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta. 2. Dalu adi lintang panjer sung cahya dalu suci rawuhing Sang Putra bayi suci rinengga kaapesan karsa mbikak korining kaswargan angrukunken Allah klayan manungsa wah sung gesang sayekti sampuma Reff : mangga sujud saos bekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta. 3. Dalu adi Sang putra tedhak donya dalu suci mlaekat sung puja kang Mamulya karsa ngesorken srira ngrembat dosa mrih jagad slameta dayaning pati mangkya ingasorken pra manungsa sinung gesang langgeng Reff : mangga sujud saos bekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta.
"Natal mratandhani bilih katresnanipun Gusti menika nyata. Mugi cahyanipun Sang Kristus tansah madhangi margining gesang kita, paring kekiyatan lan tentrem rahayu ingkang sejati wonten ing manah."

— Kamulyan kagem Gusti —

bm

"Dadi Banyu Ojo Wedi Aro Watu|Air tidak boleh takut dengan batu".

avatar
Admin LIRIK LAGU KRISTIANI Online
Welcome to LIRIK LAGU KRISTIANI theme
Chat with WhatsApp