06 Desember 2022

Endah Laras - Dalu Adi (Oh Holy Night versi Bahasa Jawa)

Kidung Pasamuan Kristen 244

DALU ADI

Lirik Lagu
1. Dalu adi abyor cahyeng kartika dalu suci miyosing Pamarta jagad raya kang risak wit duraka den pulihken pindha Pirdus mulya pra manungsa kang sangsara wit dosa linuwaran mrih tentrem raharja Reff: mangga sujud saos bekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta. 2. Dalu adi lintang panjer sung cahya, dalu suci rawuhing Sang Putra, bayi suci rinengga kaapesan karsa mbikak korining kaswargan, angrukunken Allah klayan manungsa wah sung gesang sayekti sampuma Reff: mangga sujud saos bekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta. 3. Dalu adi Sang putra tedhak donya, dalu suci mlaekat sung puja, kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta, dayaning pati mangkya ingasorken, pra manungsa sinung gesang langgeng Reff: mangga sujud saos bekti mring Gusti dalu adi Panebus wus manjalma dalu suci Sang Kristus wus prapta.
"Natal punika sanès namung pahargyan, nanging bukti nyata bilih Pepadhanging Sejati sampun rawuh kagem ngicalaken pepeteng wonten ing manah kita. Mugi tentrem rahayu saking Kristus saged mulihaken saben nyawa ingkang sayah, kados dene janji-Né ingkang langgeng."

— Kamulyan kagem Gusti Yesus —

bm

"Dadi Banyu Ojo Wedi Aro Watu|Air tidak boleh takut dengan batu".

avatar
Admin LIRIK LAGU KRISTIANI Online
Welcome to LIRIK LAGU KRISTIANI theme
Chat with WhatsApp