12 Desember 2021

Daftar Lagu Kidung Pasamuan Kristen Anyar (full text)

Daftar Isi KPKA (Kidung Pasamuan Kristen Anyar)

  1. Allah Maha Kwasa  [1]
  2. Allah Mbabarken Kwasanya [2]
  3. Gusti Allah Andel-Andel Sejati  [3]
  4. Haleluya  [4]
  5. Pamuji Konjuk Gusti  [5]
  6. Pamuji Ing Pangibadah [6]
  7. Puji Konjuk Allah  [7]
  8. Allah Maasih  [8]
  9. Pamuji Konjuk Allah Ma Agung  [9]
  10. Allahe Para Pracaya  [10]
  11. Sih Kawelasanipun Allah  [11]
  12. Yesus Sang Pangen Sejati [12]
  13. Aku Duwe Pamarta  [13]
  14. Allah Maha Suci  [14]
  15. Panggunggung Mring Pangeran  [15]
  16. Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa  [16]
  17. Pamuji Konjuk Mring Allah [17]
  18. Sih Kamirahanipun Allah  [18]
  19. Angluhurken Allah [19]
  20. Panggunggung Konjuk Mring Pangeran  [20]
  21. Palimirmanipun Allah  [21]
  22. Kasampurnanipun Gusti  [22]
  23. Tansah Saos Sokur Mring Gusti  [23]
  24. Panggunggung Konjuk Mring Gusti  [24]
  25. Ngabekti Mring Gusti  [25]
  26. Puji Panuwun  [26]
  27. Asmane Gusti Kulo  [27]
  28. Sowan Mring Gusti  [28]
  29. Kamulyanipun Gusti  [29]
  30. Pujinen Hyang Makwasa  [30]
  31. Pinujia Allah  [31]
  32. Sembah Bekti Konjuk Gusti  [32]
  33. Sawernaning Puji [33]
  34. Sung Sembah Puja  [34]
  35. Kamirahaning Gusti  [35]
  36. Gusti Rawuha  [36]
  37. Panggunggung Wit Sihing Gusti  [37]
  38. Haleluya Puji Gusti  [38]
  39. Kamulyaning Pangeran [39]
  40. Yehuwah Allah Kula  [40]
  41. Nyuwun Pangapura  [41]
  42. Pamratobat Sing Dosa  [42]
  43. Nyuwun Enggaling Manah  [43]
  44. Gusti Niimbali Sira  [44]
  45. Gusti Anganti Sira  [45]
  46. Panelangsa  [46]
  47. Gusti Pangungsen Kula  [47]
  48. Nyuwun Suci Saestu  [48]
  49. Bingah Wonten Sihing Allah [49]
  50. Kula Keduwung  [50]
  51. Gusti Pananggel Kula  [51]
  52. Nyuwun Suci  [52]
  53. Aneng Ngarsane Gusti  [53]
  54. Nyuwun Aksama  [54]
  55. Gusti Anganti Sira  [55]
  56. Karahayone Wong Mursid  [56]
  57. Kang Karoban Ing Begja  [57]
  58. Rineksa Ing Allah Nadyan Sinatru Tyang Duraka  [58]
  59. Nyuwun Luwar Sing Karupekan  [59]
  60. Allah Pangen Kula  [60]
  61. Allah Yeku Pangen Satuhu  [61]
  62. Karahayoning Tyang Mursid Sejati [62]
  63. Berkahing Allah  [63]
  64. Pasrah Mring Gusti  [64]
  65. Yesus Roti Panguripan  [65]
  66. Masrahaken Gesang Wisesa  [66]
  67. Aneng Patunggilaning Gusti Allah [67]
  68. Iba Adi Tuwin Endahipun  [68]
  69. Kasetyaning Allah  [69]
  70. Allah Pangen Kula  [70]
  71. Manggul Salib  [71]
  72. Temen Ndherek Gusti  [72]
  73. Mareka Mring Gusti  [73]
  74. Pracaya Mring Gusti  [74]
  75. Gusti Nimbali  [75]
  76. Umareka, Umareka  [76]
  77. Ing Paprentahaning Alla [77]
  78. Tinimbalan Dening Gusti  [78]
  79. Pracaya Lan Pasraha  [79]
  80. Kapyarsi Gusti Nimbali  [80]
  81. Ndherek Gusti  [81]
  82. Tekading Manah Kula  [82]
  83. Pasrah Dhateng Gusti  [83]
  84. Nyuwun Tuntunanipun Gusti  [84]
  85. Kabegjan Sejati  [85]
  86. Andherek Gusti  [86]
  87. Sumendhe Ing Gusti  [87]
  88. Sakehing Sumelangmu Pasrahna Marang  [88]
  89. Pasrah  [89]
  90. Pasraha  [90]
  91. Praboting Perang Rohani  [91]
  92. Pamujinipun Para Utusan [92]
  93. Pangatag Ngabarake Injil  [93]
  94. Nyuwun Gumelaripun Kratoning Swarga  [94]
  95. Kratoning Swarga  [95]
  96. Lamun Dudu Yehuwah  [96]
  97. Tansah Samekta  [97]
  98. Panenipun Jembar  [98]
  99. Panyuwun Gumelaring Kraton  [99]
  100. Diprayitna  [100]
  101. Perang Rohani  [101]
  102. Allah Asih Mring Jagad  [102]
  103. Dhamparing Sih Rahmat  [103]
  104. Kraharjaning Tumitah  [104]
  105. Gesang Tresna-Tinresnan  [105]
  106. Kula Nedya Kadya Gusti a  [106]
  107. Gusti Mugi Tansah Nuntun  [107]
  108. Gusti Mugi Nunggil Mring Kula  [108]
  109. Katemtuaning Pracaya  [109]
  110. Namung Karsa Paduka  [110]
  111. bersambung ......

Daftar Isi KPKA (Kidung Pasamuan Kristen Anyar)
Daftar Lagu Kidung Pasamuan Kristen Anyar
(full)

1    Allah Maha Kwasa  

Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti
tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali
yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.  
kembali kedaftar lagu

2    Allah Mbabarken Kwasanya    

Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan kasirnakna lir lilin kenging brama,
nging gung tyang mursid raharja memuji lan sukarena ngarseng Allah Ma mulya,
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara
ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
dene tyang wangkot mbalela siniksa bebendunya. 

kembali kedaftar lagu

3    Gusti Allah Andel-Andel Sejati    

Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah
slawase sinungan umur luhurna srana masmur
krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran.

kembali kedaftar lagu

4    Haleluya    

Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi.

kembali kedaftar lagu

5    Pamuji Konjuk Gusti    

Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya
Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,
Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya

kembali kedaftar lagu

6    Pamuji Ing Pangibadah    

Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

kembali kedaftar lagu

7    Puji Konjuk Allah    

Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra
puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati,
Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati.

kembali kedaftar lagu

8    Allah Maasih    

Allah Maasih asung putranya Allah Maasih mring manungsa.
mila kula ngidung Allah Maasih Allah Ma asih mring manungsa.

kembali kedaftar lagu

9    Pamuji Konjuk Allah Ma Agung    

Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung
kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya
makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran
jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya

kembali kedaftar lagu

10    Allahe Para Pracaya    

Allahe para pracaya ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita tuking kasampurnan.

kembali kedaftar lagu

11    Sih Kawelasanipun Allah    

Kula sami kekempalan memuji dhateng Allah
kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.

kembali kedaftar lagu

12    Yesus Sang Pangen Sejati    

Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya
dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya.

kembali kedaftar lagu

13    Aku Duwe Pamarta    

Aku duwe Pamarta Yesus Kristus asmanya
kang wus ngurbanken sarira ngruwat aku sing dosa,

duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu. 

kembali kedaftar lagu

14    Allah Maha Suci    

Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja,
suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya.

kembali kedaftar lagu

15    Panggunggung Mring Pangeran    

Dhuh Pangeran Yehuwah kula ngaturken sembah
klayan bingah ing driya nggunggung Asma Paduka
kang Ma luhur Ma mulya Gustining makluk samya.

kembali kedaftar lagu

16    Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa    

Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa
muji ramya binarung lan sawernining gangsa
pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

kembali kedaftar lagu

17    Pamuji Konjuk Mring Allah    

Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya
wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga
nenanem panenan uga alam runtut tinata.

kembali kedaftar lagu

18    Sih Kamirahanipun Allah    

Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa
sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra
tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti
nindakna pakarti luhur yeku tandhaning sokur.

kembali kedaftar lagu

19    Angluhurken Allah    

Swawi sami muji Allah Pangeran Maha wlas
Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas
Rinten dalu datan kendhat tansah njangkung mring pra umat
swawi muji Kang Murbeng rat Pangeran Maha wlas

kembali kedaftar lagu

20    Panggunggung Konjuk Mring Pangeran    

Pangeran Ma mulya yogya kula puja
dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula
datan wonten timbangannya tan kendat lumintunya
Pangeran Ma mulya, yogya pinuja, (2X)..

kembali kedaftar lagu

21    Palimirmanipun Allah    

Gusti kula ingkang wontening swarga
pinujia Paduka ing slaminya
sestu agung sih palimirmanta
haleluya, Haleluya

kembali kedaftar lagu

22    Kasampurnanipun Gusti    

Kula nggunggung-nggunggung Gusti
sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci,
sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan,
tyang ngupados kayektosan
suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa,
wit tresnanya trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya.

kembali kedaftar lagu

23    Tansah Saos Sokur Mring Gusti    

Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.

kembali kedaftar lagu

24    Panggunggung Konjuk Mring Gusti    

Swawi prakanca kang sami pracaya
Den sora sora angalembana
mring Gusti kita kang Maha wilasa.

kembali kedaftar lagu

25    Ngabekti Mring Gusti    

Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati
sami ngabekti memuji mring Gusti
Ajrih sumelang sedhih lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangeran.

kembali kedaftar lagu

26    Puji Panuwun    

Sumangga prakanca marek ngarsaning Gus ti
anggunggung asmanya wit sihe kang sejati
de krana Kang Putra ki ta tansah begja
siyang dalah ratri Gusti kang ngrimati

kembali kedaftar lagu

27    Asmane Gusti Kula    

Neng kasa ngumandhang asma sajuga
Kang anepangaken jagad lan swarga
datan wonten asma kados punika
kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa
napa sami dereng wanuh
yeku Gusti Yesus Kristus asmane.

kembali kedaftar lagu

28    Sowan Mring Gusti    

Sumangga sowan Gusti, Haleluya, srana kidung pamuji, Haleluya.

kembali kedaftar lagu

29    Kamulyanipun Gusti    

Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa ku la ngungun gunging kamulyanta

nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa. 

30    Pujinen Hyang Makwasa    

He pratitah sadarum samya ngrepekna kidung
konjuk Hyang Makwa sa kang gunging sih susetya Haleluya, Haleluya.

kembali kedaftar lagu

31    Pinujia Allah    

Pi nujia tansah Allah Mamirah kang gung tresnanira mring salir titah
tyang dosa dura ka sinung apura ti nebus sing pati temah basuki

luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating dosa
pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja. 

kembali kedaftar lagu

32    Sembah Bekti Konjuk Gusti    

Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti
kang mberkahi grejanya temah tansah begja
Injil kratoning Allah ingundhangken sumrambah
asmanya kamulyakna dening sagung bangsa.

kembali kedaftar lagu

33    Sawernaning Puji    

Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah
dening sagunging tumitah wit tansah rinoban berkah.

kembali kedaftar lagu

34    Sung Sembah Puja    

Allah Kang Ma kwasa yekti gung tresnanya jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa
salir tyang pracaya luwar sing antaka lamun tansah setya mlebet mring swarga.

sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti. 

35    Kamirahaning Gusti    

Puji konjuk Allah Kang Maha mirah
ing rinten dalah ratri nggih tansah ngganjar berkah
mring tyang mursid wah mursal tan ana kang ketriwal

kembali kedaftar lagu

36    Gusti Rawuha    

Mugi rawuha dhuh Rama mugi rawuha dhuh Rama
mugi rawuha dhuh Rama dhuh Rama rawuha.

kembali kedaftar lagu

37    Panggunggung Wit Sihing Gusti    

Kula samya tetunggilan ngabekti mring Pangeran
wit sinungan kacekapan wah bagas kesarasan

ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
wit ingayom ing sihira sestu tentrem raharja 

kembali kedaftar lagu

38    Haleluya Puji Gusti    

Pinuji Gusti kang nitahken jagad siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.

Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi. 

kembali kedaftar lagu

39    Kamulyaning Pangeran    

Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Magung
wah akasa mratelakken yasaning astanipun
rinten dalu tan kendhat wartanya ngebeki rat.

kembali kedaftar lagu

40    Yehuwah Allah Kula    

Sang Yehuwah yeku Allah kula
karsa anglanting tangan kawula
ses tu Allah dados karosan kula
mila tansah kawula tresnani.

kembali kedaftar lagu

41    Nyuwun Pangapura    

Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran,
kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan,
wah katedahna margi bebener Paduka Gusti,
mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja.

kembali kedaftar lagu

42    Pamratobat Sing Dosa    

Dhuh Allah, Rama, ngluberna sih mirma,
kawula nglenggana gunging dosa kula,
Gusti Ma kwasa, nyuwun apura, temah gesang nyata

kembali kedaftar lagu

43    Nyuwun Enggaling Manah    

Gusti kula sestu nalangsa, awit asring mbalela,
damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya,.

kembali kedaftar lagu

44    Gusti Niimbali Sira    

Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu,
mbokya ngungsia mring Gusti mesthi kinarya suci.

Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga. 

45    Gusti Anganti Sira    

Gusti angantya sira wong dosa, arum ing wacana umareka,
nyuwuna luwar lan linipura, mareka, saosna ati nira,

lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe,mareka mring Gusti. 

kembali kedaftar lagu

46    Panelangsa    

Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemengan
Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan.

kembali kedaftar lagu

47    Gusti Pangungsen Kula    

Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan
kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran
nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan dimen pulih lejara.

kembali kedaftar lagu

48    Nyuwun Suci Saestu    

Dhuh Pangluwar sejati myarsakna pasambat kula
Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya.

Gusti mugirah Paduka nucekken manah kawula
temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.
Suci sestu suci sestu
temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu

kembali kedaftar lagu

49    Bingah Wonten Sihing Allah    

Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula
yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa,
mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri.

kembali kedaftar lagu

50    Kula Keduwung    

Saestu keduwung kula dene kirang setya
dhinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sami,
nging tan ana buk ti adhuh Gusti nyuwun suci.

kembali kedaftar lagu

51    Gusti Pananggel Kula    

Aku wong kang dosa, ngungsi maring Gusti
temahan den sucekna, wit rahe kang suci

Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur 

52    Nyuwun Suci    

Kang najis ndlarung ing dosa tinampik mring swarga
Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha,

nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

kembali kedaftar lagu

53    Aneng Ngarsane Gusti    

Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti..

kembali kedaftar lagu

54    Nyuwun Aksama    

Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama
kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran
nglirwakken dhawuh Paduka manut hardaning dosa
temah tan ngraosken tentrem tebih sin gesang langgeng

kembali kedaftar lagu

55    Kristus Margining Pangluwaran    

Pundi margi rehing pati tan misesa mring kula
kwasanira sarta wohnya damel gesang sangsara,

marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci,
wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata. 

kembali kedaftar lagu

56    Karahayone Wong Mursid    

Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur pangangene wong duraka
lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane,
nanging karem mring sabdaning Allah rina wengi den gilut ing manah.

kembali kedaftar lagu

57    Kang Karoban Ing Begja    

Para bangsa samya ngraman nggrangsang mring Pangeran.
gung pakarti nira muspra nggih nggadhang antaka.

kembali kedaftar lagu

58    Rineksa Ing Allah Nadyan Sinatru Tyang Duraka    

Dhuh Pangeran Allah tyang duraka kathah nyatur mengsahi kula
memoyoki tansah ngarah kula pejah srana salir piala
nging Paduka Gusti pangayoman yekti tuking kamulyan adi
wit gunging sih rahmat myarsakken pasambat pandonganuig pra umat.

kembali kedaftar lagu

59    Nyuwun Luwar Sing Karupekan    

Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi
sampun ngukum kula merdi klayan bramantya
nging enggal den entasna sing sisah sangsara.

kembali kedaftar lagu

60    Allah Pangen Kula    

Allah yeku pangen kula kang gung sih tresnanya
Kula tansah rinimatan srana gung kadarman.

kembali kedaftar lagu

61    Allah Yeku Pangen Satuhu    

Allah yeku pangen satuhu pangrehnya nentremken kalbu
kula tansah rinimatan srana sagung ing kamirahan.

Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi
nadyan mengsah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah
mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang
sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah. 

kembali kedaftar lagu

62    Karahayoning Tyang Mursid    

Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah
ramenggawe sepi pamrih kasengsem sabdeng Allah
wong bener wah ngabektti slamanya den berkahi lan turune lestari.

kembali kedaftar lagu

63    Berkahing Allah    

Tyang kang sumarah pracaya kang leladi klayan, setya
misungsungken gesangipun konjuk mring Hyang Maha agung.

kembali kedaftar lagu

64    Pasrah Mring Gusti    

Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti
Wit saliring mitramu tan bisa mrantasi
Jer sa gunging manungsa nyanggi sume lange
kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine

di enggal pasrahna ing astane Gusti
sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi. 

kembali kedaftar lagu

65    Yesus Roti Panguripan    

Yesus Roti panguripan tumurun saking swarga
paring rahayu santosa mring sagung tyang pracaya.

kembali kedaftar lagu

66    Masrahaken Gesang    

Gusti kawula sowan atur sembah bekti,
masrahken jiwa badan, gesang kula sami;
mugi Paduka nuntun paring kakiyatan,
dimen kula lestantun dumugeng wekasan.

kembali kedaftar lagu

67    Aneng Patunggilaning Gusti    

Aneng patunggilan ning Gusti wah malih nunggil baptisnya,
pasamuwan dados sawiji tunggil manah lan pracaya.
neng patunggilaning Roh suci
ngajeng ajeng kasampurnan, pasamuwan Paduka mugi saya kekah tetunggilan.

kembali kedaftar lagu

68    Iba Adi Tuwin Endahipun    

Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya
tiyang dosa wanuh Pamarta samya nampi gesang nyata
gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman
Sagung dosa sampun ical mangkya ngrasuk gesang enggal.

kembali kedaftar lagu

69    Kasetyaning Allah    

Kasetyaning Allah datan gingsir,
kang pinilih nggih ugi den timbali
tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu dipun tetepi
samukawis kang kinaryakaken, rinampungken.

kembali kedaftar lagu

70    Lumadi Ing Gusti    

Gusti gesang kawula lumados mring Paduka,
dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti.

kembali kedaftar lagu

71    Manggul Salib    

Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka,
manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya,
kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah
sampun ngantos kemuriden datan cuwa ing manah.

kembali kedaftar lagu

72    Temen Ndherek Gusti    

Salir wong pracaya ywa urip sembrana,
sih rahmating Gusti den pundhinen yekti,
na dyan lelahanan nging sanes murahan,
yeku kurban sejati Sang Kristus Gusti.

kembali kedaftar lagu

73    Mareka Mring Gusti    

Mara wong dosa wong cilaka mareka mring Gusti Pamarta,
temah binirat dosanira krana gunging sihnya,

saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya,
sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka.

    kembali kedaftar lagu

74    Pracaya Mring Gusti    

He wong kang kabotan dosa Gusti ungsenana
agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya

pracayaa, pracayaa mung pracayaa
Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira. 

kembali kedaftar lagu

75    Gusti Nimbali    

He wong kang mandheg mangu Gusti nimbali,
tilingna ta sabdanya, Gusti nimbali,
padha mbangun turuta tumemen ing pracaya,
gya rungokna sabdanya, Gusti nimbali

Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
mara estokna sami Gusti nimbali

 

76    Umareka, Umareka    

Taksih menga kori dhateng swarga, korining nugraha,
mila mangga nulya den ambaha sampun ta semaya,
saiba ta duwungira lamun kineban kori swarga.

Umareka umareka. 

77    Ing Paprentahaning Allah    

Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken,
Para titah samya rukun nilar pasulayan
sami dene angaosi migatosken liyan,
supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran

Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.

    kembali kedaftar lagu

78    Tinimbalan Dening Gusti    

Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula,
dados rowang mitra, wah utusan Paduka,
ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning Allah sadonya sumrambah.

kembali kedaftar lagu

79    Pracaya Lan Pasraha    

Pracaya lan pasraha mring Allah Ma kwasa,
Gunging prihatinira ginantosan begja,
yekti pilihing margi Pangeran mberkahi,
lan sira kaeraman wit gunging kadarman.

kembali kedaftar lagu

80    Kapyarsi Gusti Nimbali    

Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran",
kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti,
wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka.

kembali kedaftar lagu

81    Ndherek Gusti    

Kula mesthi ndherek Gusti kang jumeneng Panutan
tetep setya dugeng janji tan wigih karibedan,

dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya ing satindake Gusti. 

82    Tekading Manah Kula    

Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti
yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati

margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

    kembali kedaftar lagu

83    Pasrah Dhateng Gusti    

Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka,
ku la masrahken manah, badan kaliyan nyawa,
Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang,
saestu kula tresna dhumateng Paduka

kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang,
kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang. 

kembali kedaftar lagu

84    Nyuwun Tuntunanipun Gusti    

Nggen kawula makarya inggih kasar alus
mung Paduka Gusti kang mugi amaringi
pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci.

85    Kabegjan Sejati    

Kabegjan yekti gesang pangaji ngabdi mring Sang Kristus Gusti
Dadya lantaran mrih karukunan katentreman kelampahan

mung Sang Kristus yeku Gusti Panebus kula sing pati
gesang kawula kagem asmanya nggih martosken sihrahmatnya. 

86    Andherek Gusti    

Kula badhe mboten nilar dhateng Gusti Pamarta
dhateng pundi Gusti tindak kula ndherek Paduka

ula tut wingking Paduka salami kula gesang
awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang. 

kembali kedaftar lagu

87    Sumendhe Ing Gusti    

Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa
prayogi kula ungseni nyuwun tansah rineksa
nadyan tinilar ing mitra kula mboten perduIi
sumanggem mundhi dhawuhnya klayan tulus ing ati

kula tansah pitados Gusti tan nilar kula
mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya.

kembali kedaftar lagu

88    Sakehing Sumelangmu Pasrahna Marang Aku    

Iba rah jeng tyang kang sami sumendhe mring Gusti
jroning susah wah kesrakat Gusti paring kiyat.

Sumangga sumendhe Gusti
Sumangga sumendhe Gusti
Sumangga sumendhe Gusti
mesthi Gusti karya ayemira. 

kembali kedaftar lagu

89    Pasrah    

Gusti kawula ngaturken badan nyawa kawula
mugi Paduka slametken kawula kagungan ta

bingah susaha kula marem nunggil Paduka
dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka. 

kembali kedaftar lagu

90    Pasraha    

Bungaha susaha Gusti dak puji, kang mranata gesang kula,
kula rinimat kalayan katresnan, mila kula pasrah pangrehnya,

pasraha pasraha
ing sapangrehing Hyang Makwasa. 

91    Praboting Perang Rohani    

He prajurite Gusti kang samya dinuta
kesah mring pundi pundi nyebar kabar adya,
nggih kabaring sih rahmat peparing sing swarga
kang sinungken pra umat mrih sami pracaya

Payo maju ja giris atimu
marga Gusti nganthi sapurugmu
payo maju undhangna samangkya,
murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta. 

kembali kedaftar lagu

92    Pamujinipun Para Utusan    

He nyawaku sira sumyaka nggungung ing sihing Pangeran
kang sampun ngirid lampahira tansah paring pitulungan
mring para utusan setya kang ngundhangken wartos adya
Haleluya, Haleluya.

kembali kedaftar lagu

93    Pangatag Ngabarake Injil    

Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran
martosken Injilnya pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga

kembali kedaftar lagu

94    Nyuwun Gumelaripun Kratoning Swarga    

Dhuh Gusti nggih binabarna Kratoning Allah ing jagad
pra umat samya raharja krana rinoban sihrahmat

kembali kedaftar lagu

95    Kratoning Swarga    

Kraton swarga saestunya ndhatengi saya wewah,
bebener lan kaadilan aneng jagad sumrambah
katentreman sayekti binabar aneng bumi.

kembali kedaftar lagu

96    Lamun Dudu Yehuwah    

Yen dudu Yehuwah kang ayasa wisma,
tanpa guna, tanpa gawe karyane tukange
lah mangkya kita andulu yeyasane
o, iba mulyanya pasamuwane Yesus Gusti
para abdi setya lan bingah ing driya
nambut pakaryan adi saking Gusti

97    Tansah Samekta    

Sumangga makarya pra prajuriting Gusti
martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi
mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti.

Sumangga makarya.

kembali kedaftar lagu

98    Panenipun Jembar    

Lah, saestu panenipun jembar nging kang derep mung tiyang sekedhik
o, kanca mangga sami tumandang,mumpung taksih pinaringan urip.

gya tumandanga anderepi kangelane dadi kabungahane
gya tumandanga anderepi panen jembar kang derep sethithik. 

99    Panyuwun Gumelaring Kraton    

Dhuh Gusti Pamarta margi sih Paduka,
tiyang dosa kaluwaran saking paukuman,

Iba adinira utusan Paduka,
kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah. 

kembali kedaftar lagu

100    Diprayitna    

He tyang pracaya den sami samekta nglawan Panggodha iblis julig nyata
ywa kendhat ndedonga mirengken sabda tansah nunggil lan sagung tyang pracaya

diprayitna ywa nganti lena Gusti ngreksa ing slami-laminya. 

101    Perang Rohani    

Pra abdining Gusti dipun prayitna
ing perang rohani ywa kongsi lena
ngrasuka kayekten wah kaadilan
nadyan tanggelannya mung kasangsaran

Yekti iblis culika lan julig maeka
ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa. 

kembali kedaftar lagu

102    Allah Asih Mring Jagad    

De Allah wus asih mring jagad sarta anggennya angasihi
iku kongsi masrahake ingkang putra ontang-anting
supaya sakehing jalma kang pracaya lan ngugemi
ywa kongsi nemu karusakan nging duwea urip nyata.

kembali kedaftar lagu

103    Dhamparing Sih Rahmat    

Wonten satunggal panggenan nggih margining kasampurnan
ngriku gesang tansah padhang wit dayaning pati ilang

yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat
tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya.

kembali kedaftar lagu

104    Kraharjaning Tumitah    

Saiba dennya mbingahken yen ing sajagad wrata
kaadilan kang sanyata sayekti binabarna

srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.

kembali kedaftar lagu

105    Gesang Tresna-Tinresnan    

Ing satengahing bebrayan agung mung Pangeran pantes ginunggung
rahmatnya binabarken sanyata tumrah mring pratitah sadaya

tumemen ndedonga lan makarya mrih kebabaring tentrem raharja
nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan.

kembali kedaftar lagu

106    Kula Nedya Kadya Gusti    

Kula nedya kadya Gusti gesang suci, gesang suci
kula nedya kadya Gusti gesang suci,
gesang suci, gesang suci,
kula nedya kadya Gusti gesang suci,

kembali kedaftar lagu

107    Gusti Mugi Tansah Nuntun    

Gusti pangayoman nyata nuntun lampah kawula
panggodha tansah nempuha kula unggul sing dosa
wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri
ku la sinung basuki.

kembali kedaftar lagu

108    Gusti Mugi Nunggil Mring Kula    

Dhuh Gusti mugi nunggil mring kula
Yen ta kesaput peteng ing ratri
nggih namung Gusti kang mitulungi
sumangga Gusti nunggil mring kula.

kembali kedaftar lagu

109    Katemtuaning Pracaya    

Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan
pra kang sabar myang pracaya temtu tampi pitulungan

paukuman kula trimah lir penget lan pitedah
ingkang tangguh ing pangantya tan koncatan sih Paduka.

110    Namung Karsa Paduka    

Dhuh Rama lamun kawula darbe atur panyuwun,
mugi kula nggih sageda nrimah saparingipun,
lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna.

kembali kedaftar lagu

111    Gusti Nuntuna Kawula    

Gusti mugi sampun ngantos nilar kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka,

Gusti mugi nuntun kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka.

112    Mugi Mberkahi Kula    

Adhuh Gusti kula sestu ngorong berkah Paduka
yeku kang ngayemken kalbu mugi mberkahi kula
nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula

113    Pandonga Enjing    

Gusti dinten mangkya mugi andalemi
ing batos kawula miwah paring Roh Suci
mugi paring padhang anyunari margi kawula
wah kula kawulang nanggulangi panggodha.

114    Aja Semaya    

Nikmating donya nggodha ati mikat kita dimen nebih Gusti
lan kabeh iku tan nguripi nging nggendeng kita mring telenging pati

Ja semaya, umareka, umareka ya saiki uga,
lah Gusti wus ngantya mring sira pangayomanmu kang tuhu setya 

115    Nyuwun Ayeming Manah    

Lamun kula kesayahen, kamomotan ing ati
Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem mring Gusti.

Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem ing dri ya
Nyuwun ayem dhuh Pamarta Gusti kang nebus kula.

116    Pasrah Sumarah Mring Gusti    

Pasrah sumarah mring Gusti Pangayoman kang sejati
uripmu tansah rinimat wit Gusti gunging sih rahmat
waspadakna makluk wrata karoban ing sih lan piwlasnya
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya.

117    Gusti Pangen Utami    

Paduka Pangen utami ingkang kawula tresnani
kawula purun sangsara angger krana Yesus Gusti
kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Pangeran
margi neng ngriku kawula ingayoman ing rahmatnya.

118    Ingsun Yehuwah Allahira    

Lah ingsun Yehuwah Allahira kang nyepengi tangan-tanganira
sestu Allah dados karosan kula mila kula tresna mring Paduka.

119    Angger Kula Sumerep    

Yen kula sumerep margi cawisane Gusti,
nadyan susah kados pundi kula nyelak Gusti,

marek Gusti, marek Gusti marek Paduka Gusti
angger kula nggih binekta nyelak dhateng Gusti.

120    Kumandel Mring Allah    

Dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula
ndherekaken Paduka salamanya
kawula datan saged milih margi
mugi sapurug kula Gusti nganthi.

121    Kinanthi Ing Gusti    

Gusti Yesus Pangen kula, sestu gung sih Paduka
Ing sapurug-purug kula nggih tansah kinanthia

Kinanthi Ing Gusti kinanthi ing Gusti
ing satitah kula nrimah angger kinanthi Gusti.

122    Dipanggah    

Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili
ywa manut bujuking iblis wohe mung pati

dipanggah kanthi sumarah mring Gusti tansah
kasorna dosa wit mursid tegen ndedonga.

123    Gusti Pangungsenmu    

Yen sira sangsara sarta sedhih manteba pracaya Allah tan tebih
aja wedi Gustimu nganthi rehing kadursilan mesthi kasoran
pepeteng dosa ilang sirna mung gung karaharjan kang sinandhang.

124    Samekta    

Pitulung kita kang rosa samekta,
lir mitra kang tuhu setya samekta,
lamun kesasar neng margi Gusti nglari lan nimbaIi
rumiyin myang samangke tetepsamekta,
samekta, samekta,
rumiyin myang samangke tetep samekta.

125    Pasrah Sumaraha    

Aja sumelang bab uripmu, ywa cilik ing kalbu
yen pepeteng nglimputi ati ngayoma mring Gusti

Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya
Pasrah sumaraha mrih tentrem raharja.

126    Ngrangkul Salib    

Dak rangkul salibe Gusti kang agung tresna lan sihe
sarta dhangan dak ungseni dak rangkul salibe

dak rangkul salibe, dak rangkul salibe
yeku margining sih rahmat dak rangkul salibe.

127    Kula Tyang Pracaya    

Kathah tyang kang rebadan drajad lan kamulyan nggih sami kamitegan ngurbanken mring liyan
kula tyang kang pracaya mbangun turut Gusti ngudi ing gegayuhan klayan mursid yekti

128    Kabegjan Kang Sejati    

Kabegjan kang sejati tinunggil Gusti
yen panggodha ndhatengi gya den tulungi
mrih manteb pracaya wah tetep waluya
malah ngesorken dosa yekti mursidnya.

129    Tansah Bingah    

Tyas kita sestu raharja sinung kabegjan nyata
dene Allah Kang Ma'kwasa nganggep putra mring kita

mara tansah bungah-bungah wit tinunggil lan Allah
sarta ngambah dalaning pepadhang kang dugeng kasampurnan.

130    Allah Dados Pepadhang    

Allah kang dados padhang nuntun dhateng kraharjan,
astanya sestu santosa ngreksa tyang kang pracaya,
pepadhanging Allah nganthi ngirid ing ngajeng lan wuri,
ngantos dumugeng swargi.

131    Ayem Wonten Ing Gusti    

Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinungan gesang nyata tinebus sing dosa,
wonten kidung ngumandhang sumyaking tyas girang
pamujining pra suci nggunggung sihing Gusti.
Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinungan gesang nyata tinebus sing dosa.

132    Kabegjaning Tiyang Kristen    

Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa
ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami

mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang
tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki.

133    Rumentahing Palimirma    

Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma,
punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana,
mangke tan wonten paniksa, (2X). ming rumentahing sih mirma (2X)..

134    Aja Adigang, Adigung, Adiguna    

Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang
wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang
pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti
nging tyang tresna satuhu gesang yekti (2X).

135    Kula Sumarah Mring Allah    

Gesang kebak kekeran angel den jajagi
dhateng ing kasangsaran nggih silih gumanti
namung Paduka Gusti mirsa samukawisnya
kula pasrah sumarah ing reh Paduka.

136    Pangandel Dhumateng Allah    

Neng are wah neng gunung, mung neng rgarseng AIlah
aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah
endi kang dadi cipta lan osiking ati .
kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi.

137    Kang Langgeng Sihe Allah    

Saprakara kang pantes den upadi yeku Kratoning Allah Sang Rama
samubarang pinaringken tumuli angger sumuyud jroning pracaya

kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi sirna
mung sihe Allah kang langgeng slamanya tyang kang ngayom wus mesthi raharja. 

138    Pangandel    

Mung sarana pracaya aku sinung waluya
uwal sing rehing pati tinebus dening Gusti

Ayem tentrem ing kalbu wit Allah Pamartaku
Gusti andel-andel yekti slaminya dak bekteni.

139    Mugi Gusti Angutus Utusan    

Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun
ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelaspun
supados tyang salumahing bumi sami nampia Injiling Gusti.

140    Sang Kristus Tameng Santosa    

Sang Kristus tameng santosa nguwalken saking rubeda,
neng jroning bebaya pati Gusti kang badhe nulungi,

Gusti peparangku tansah ngayomi, angayomi, angayomi,
ampinganku sajroning prahara pangungsen ingkang santosa. 

141    Gesang Dados Kidung    

Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran,
wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan,
ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti,
srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.

142    Mung Kristus Juru Basuki    

Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru basuki
wit sih tresnanya mring sagung manungsa
ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya
sinungan gesang nyata wah tentrem raharja.

143    Mung Tansah Pasrah Mring Gusti    

Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka
mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya
manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya
tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata.

144    Margi Dhateng Swarga    

Nyebuta Gusti mring Sang Kristus, nging yen tan kanthi tulus
mung kembang lambe tanpa laku rehing dosa den gugu
kasangsaran temahanira naraka pandumannya

kang mlebet mring kratoning swarga namung tyang kang mbabarken tresna
nglampahi mring karsaning AIlah sepi ing pamrih tansah. 

145    Nunggil Kaliyan Gusti    

Yen nunggil lan Gusti rinten dalu
manah langkung tentrem arahayu

kula angantya Gusti ratri klayan rina
nyuwun berkah dhuh Gusti , Gusti kula. 

146    Gusti Yesus Pamarta    

Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula
kula dipun luwari sing pamengkuning pati
srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus.

147    Pangungsen Kula    

Gusti Pangungsen kula sestu gung sih rahmatnya
ing sajroning panandhang wah yen bebaya nrajang
Gusti sung pangluwaran kula manggih kraharjan.

148    Nyawisi Papan Mring Gusti    

Gustimu kepareng mundhut papan aneng atimu
resikana dimen patut Gusti karsa lumebu

rungokna pangandikanya aja padha semaya
nyawisna papan mring Gusti aneng sajroning ati 

149    Gusti Nuntun    

Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begja
celak miwah tebih ugi tansah dipun kanthi Gusti

nggih Gusti kang nganthi kula astanya pyambak kang ngreksa
mila kula manut Gusti kang dados Panebus yekti. 

150    Kumandela, Pracayaa    

Mara den etunga berkahing Allah Rama
atinira mesthi kaeraman gungnya tanpa wilangan
mula ja kuatir sumelang nging sumendhea Pangeran

Kumandela pracayaa
upadinen Kratoning Allah atimu ayem kabegjan tumrah
kang murbeng rat muwuhi berkah ing sih rahmat. 

151    Mung Allah Maha Kawasa    

Nadyan sira pinter alinangkung tan jajak kekeraning Hyang agung
sayogya sira aja gumunggung leladia mrih Gusti ginunggung,

Mung Allah Kang Mahakawasa wah tansah langgeng pangrehira,
bala swarga makluk wrata nelakken kamulyannya
tyang kang mursal nemahi bilai kang ajrih asih manggih basuki.

152    Yesus Sang Pamarta    

Yesus yeku Sang Pamarta karsa ngluwari tyang sangsara
mbirat saliring memala nglipur tyang kang nandhang papa
kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti
kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti.

153    Gusti Yesus Kristus    

Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta
Pepadhanging jagad nyata Putreng Allah Makwasa
nggih jatining kayektosan wah malih kauripan
margining tyang dugeng swargi Imam agung sejati
Sang Pangen, Panebus jalma Pantaraning manungsa.

154    Allah Pangayomanmu    

Allah yeku Pangen satuhu kang ngreksa tansah uripmu
Pracayaa sarta mituhu wah bekti kang trusing kalbu
yen bebaya nempuh sira ywa semplah alit ing driya.

155    Paseksi Sayekti    

Tyang kang pracaya nyawiji wit Sang Kristus Gusti
Lir badan kang mung sajuga lan gegelitannya
yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta.
tansah silih, mbiyantoni ngarah gesang suci

156    Timbalan Dadya Duta Sembada    

Kathah tyang samya nandhang tilingna
mbetahken pitulungan tilingna

Gusti nimbali sira dadya duta sembada
mbabarken sih rahmatnya tilingna. 

157    Nyuwun Kalanting Ing Gusti    

Ing margi kang rumpil sarta sepi giris nglimputi mring kula
lungkrah raga wah semplah ing driya lir tyang kang tinegakken Sang Rama

mlampah pyambak datan dumugi Gusti mugi nglantinga
mrih gesang maedahi sesami wah kamulyaning asma Paduka. 

158    Asmanya Makwasa    

Gusti Kristus Maha kwasa nggih tetameng santosa
sagunging tyang kang pracaya mesthi den ayomana,

Asmanya Makwasa nggih tetameng santo sa
AsmaNya Makwasa tumrap tyang kang pracaya. 

159    Sang Kristus Maasih    

Lamun sira sangsara krana rehing dosa
yogya pasrah. mring Gusti dyan linuwaran yekti,

Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih
ywa mamang ngayoma temah sira tentrem raharja. 

160    Kraton Swarga    

Neng Kraton swarga sestu gung panggenannya
salir tyang tinimbalan mlebet samya
mila Sang Kristus manjal ma tedhak donya
ngurbanken srira nylamet ken manungsa

yogya tampanana sih rahmating Gusti
temahan sira mang gih urip sayek ti
tentrem raharja tansah ngerobi sira
wasana ngrasuk kasampurnan swarga. 

161    Tyang Kang Pracaya    

Tyang kang pracaya tetep waluya yen nunggil Sang Pamarta
lir pang datan alum lamun tetep ing wit ira

tyang kang tansah manut rehing Gusti mung kabegjan kang pi nanggya
bi nerkahan rinten lan ratri rineksa astanya. 

162    Dhuh Gusti Pepadhang Yekti    

Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi nuntun kula
ngambaha margi utami nggih bebener nyata.

163    Pitobat    

Biyen nglirwakake sabdaning Gusti
mung karepe dhewe kang dituruti
samangkya mratobat nampi sih rahmat
migatosken tansah karsaning Allah

mring Yesus Pamarta pasrah jiwa raga
sinung gesang yekti unggul sing pati. 

164    Agunging Sih Rahmat    

Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti
nylametken kula tyang dosa dyan tentrem raharja

165    Jatining Katresnan    

Lamun kula anglampahi tindak luhur mulya
nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa gina

kula winulanga tansah lampah tresna lelabet sesami nulad tindaking Gusti
kula winulanga tresna trusing ati nggih nuladha tindaking Gusti. 

166    Ora Et Labora    

Ora et labora ndedonga makarya yeku sesantinya sagung tyang pracaya
mbangun jagad donya temah gesang raharja Ora et labora ndedonga ma karya.

167    Panuntuning Gusti    

Allah Rama ngreksa ngrimati kula
kabegjan kraharjan kang pinanggya
lamun nyanggi momotan lan sangsara
tinunggil mrih tan ngantos semplah,

kula pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi
ing wusananya kula dugeng swarga satuhu ngrasuk gesang sampurna. 

168    Ndedonga Lan Makarya    

Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami
murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya.

169    Sumarah Mring Allah    

Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja
yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran.

170    Gusti Mugi Nuntun Kawula    

Gusti mugi nuntun kawula tansah setya ndherek Paduka
nadyan awrat momotanira nging kula tansah manggih begja.

171    Utusaning Gusti    

Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah
awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manah

sumangga Gusti ngagem kawula mbabar tresna kang sanyata
sumangga Gusti ngutus kula numrahken berkah dhateng tyang kathah. 

172    Tansah Padha Bebungaha    

Tansah padha bebungaha krana kabegjan sanyata
de kita samya tyang dosa nging tinebus sing antaka

tansah bungah ing patunggilaning Gusti
tansah bungah wit sinung gesang sayekti. 

173    Korban Sejati    

Saosna badanmu mrih dadya korban
kang gesang lan suci konjuk Pangeran
yeku pangibadah ingkang sejati
tandha sokur tansah mring sihing Gusti.

174    Nulada Sang Pamarta    

Dipadha sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya
wah samya andhap asor ing lampah nulada mring Sang Kristus tansah

Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri
wah dadya abdi sinalib seda yeku babaring tresna sanyata. 

175    Tiyang Rahayu    

Rahayu kang mlarat ing budi witdarbe Kraton swargi
rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yekti

Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi
Yoga den tut wuria prentahnya den estokna 

176    Kang Pinunjul Katresnan    

Tyang kang sagah ngurbanken dhiri leladi ing pamrih sepi
mung tyang kang mbabar tresna nyata nulad tindake Sang Pamarta

yekti amung telung prakara pangarep-arep lan pracaya
sarta katresnan nyata lelabet trusing driya ingkang pinunjul tresna 

177    Gusti Yesus Ratu Adil    

Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji
yeku Sang Kristus Gusti mengku swarga lan jagad rat nggih Panutaning pra umat
pinujia tan kendhat pinujia tan kendhat

178    Gusti Pepadhanging Jagad    

Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat
asihmring salir manungsa Samya den wilujengna
tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran
gesang mursid yekti tansah mbangun turut mring Allah.

179    Panarima    

Dhuh nyawaku den marema, Allah nunggil mring sira
Samubarang solan salin Allah tan owah gingsir.

180    Ngaturaken Pisungsung    

Pisungsung konjuk mring Gusti tan mung sapra sedasan
berkahnya rina lan wengi datan kenging ingetang
sawernaning kang pangaji konjuk ngarsaning Pangeran

181    Saosan Sokur    

Kula ananem wiji taberi ngrimati
nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi
Pangeran paring jawah lan sunaring surya
wah saliring wohira nggih berkahing Rama

Sumangga misungsung kanthi trusing manah
sadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah. 

182    Riyadin Saosan    

Pra tyang pracaya sagung sumangga sung pisungsung
konjuk Gusti Makwasa ing dinten Pentakosta
wit berkahing Pangeran tyang nenanem panenan
kasil tyang kang makarya kabegjan kang pinanggya.

183    Pisungsung Miring Kang Maluhur    

Gusti Kang Maluhur kula saos sokur
sung pisungsung klayan bingah wit lubering berkah
mugi dados marginira asma Paduka pinuja,
karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha
Amin, Amin, Amin

184    Pisungsung Wit Kamirahaning Pangeran    

Kula tansah ngraosken bingah wit sih kamirahaning Allah
ngganjar kawilujengan nyata lantaran kurbaning Sang Putra
mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya.

185    Pisungsung Konjuk Mring Allah    

Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung
cihnaning bingahing rnanah wit berkahing Allah
sumengka wah sinengkera lan temen rineksa
dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti.

186    Pisungsung Konjuk Mring Gusti    

Jagad nampik sihing Allah nyingkur mring Sang Pamarta
nging kula pracaya pasrah ngraosken sih rahmat nya

mangga sru ngidung ngunggung Hyang Widi 
wah sung pisungsung konjuk mring Gusti
ngaturken pratandha sokur krana berkahnya mancur. 

187    Pisungsung Jiwa Raga    

Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaning Pangeran

188    Asung Pisungsung    

Sumangga sung pisungsung mring Allah Ma agung
krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat

189    Sabdaning Allah    

Sabdeng Allah Hyang Widi seksinya kitab suci
pepadhanging manungsa ing margi dugeng swarga

190    Tyang Kang Manut Angger-Angger    

Rahayu tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah
rahayu kang netepi sabdanya
tyang kang manut ing sapangrehe Gustisarta tansah telaten netepi
sakarsane klawan eklas ing ati.

191    Angger-Anggere Pangeran    

Angger angger suci peparinging Gusti
sanyata sampurna,paring pangalaman
lan kawicaksanan wah nyegerken nyawa
dhawuhipun Allah mbingahken ing manah
wit patitis sayeti prentahe Pangeran
dhatengken kraharjan krana saestu murni

192    Undhangna Sabdeng Allah    

Panuntun lampah utama yeku sabdaning Allah
wulangna mring brayatira tan kendhat saben wayah

bra undhangna sabdeng Allah paseksi sih rahmatnya
mrih samya manggih raharja sinungan gesang nyata 

193    Mung Sawiji Kabegjan Sejati    

Lamun lampah kula neng padhanging sabda kula bingah wah suka rena,
Kula yakin estu Gusti nuntun temtu mring tyang kang pitados satuhu

mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti 

194    Sabdeng Suci    

Undhangna wrata sajagad sabdeng Injil Suci
nggih paseksining sih rahmat sabdeng Injil Suci
mrih saking manungsa sinung gesang nyata

sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti
sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti

 

195    Isining Kitab Suci    

Isining kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran
dadya srana suka piwulang margining kautaman

dimen tyang pitados tansaha rumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami

 

196    Sabdanipun Allah    

Sabdaning Allah Hyang Widi yeku kitab suci
panuntuning gung manungsa mring lampah utama
wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat
nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah

197    Kembul Bujana Suci    

Kula sami sesarengan kembul bujana suci
yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti
roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya

198    Pamuji Ing Bujana Suci    

Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci
sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna
aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine

199    Bujana Swarga    

Wonten ing bujana swarga taksih langkung panggenan
angger tyang dosa mratobat mesthi nggih sinuruhan
Gusti ngutus pra abdinya ngundhangken ing sajagad
dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad

Rungokna neng swarga isih luwih panggonan
wong dosa mareka sira kang sinuruhan

200    Bujana Suci    

Bujana suci ngengetna mring sih rahmating Allah
anggur roti mratandhani korbane Sang Kristus Gusti
ngluwar kula sing pati temah langgeng basuki

201    Timbalan Nderek Ing Bujana    

Gusti nimbali kula samya nderek ing sakramen bujana
nggih tetunggilan klayan Gusti sarta nyawiji lan sesami
sih sinihan binabar nyata silih leladi den tindakna
nging kula asring tan lampah tresna adhuh Gusti nyuwun pangaksama

202    Bujana Kang Sestu Sampurna    

Kula sung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur
kang nimbali kula samya nampeni nugraha
ndherek ing bujana suci, bujana sing swargi,
yeku karaharjan yekti nggih kamulyan adi,
mbenjang yen wus mlebet swargi ing Kratoning Gusti,
kula ndherek ing bujana kang sestu sampurna

Yogya disetya temen pracaya
ngestokken sabdanya tansah olah tresna
gesang kang sembada

203    Bujana Kang Suci    

Tumurun sing swarga adi karaharjan sayekti
pinaringken dening Gusti aneng bujana kang suci,
mareka tyang dosa sagung kang mratobat nyuwun tulung,
tampanana anggur roti pralambang panebus yekti

204    Pandadar Ing Bujana    

Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki
de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga
tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang.

205    Baptis Lare    

Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit
mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat.

206    Baptisipun Lare Alit    

Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan,
dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah.

207    Nyaosken Yoga    

Gusti nimbali pra lare mrih sowan mesthi binerkahan sinung kraharjan
de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga

dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka.

208    Baptis Suci    

Kawula samya bebingah memuji mring Allah,
kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa
wit panuntuning Roh Suci kula pitados mring Gusti
temahan manggih wilujeng sinung gesang langgeng.

209    Kabingahan Wit Wonten Baptisan    

Kabingahaning ati yekti tan wonten kang nglangkungi
de kadang kang kula kasihi nampeni baptis suci,

dhuh Gusti mugi tansah mberkahana mrih mbabarna pracaya,
nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada.

210    Rawuhipun Gusti    

Dhuh Gusti kados pundi nggen kula sung urmat
methukken klayan puji mring ratuning jagad
mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci
mrih nggen kula ngabekti mranani mring Gusti.

211    Pamujine Maryam    

Nyawa lan atiku bungah ngluhurken mring Allah.
dak pujekna kidung girang wit gunging kadarman,
de Allah wus ngudaneni asoring kang abdi,
lah panganggepe pra bangsa aku wong kang begja.

212    Pamujining Zakaria    

Pinuji Allah Makwasa
Gustine tyang kang pracaya
De umate tinuwenan
Pinaringan pangentasan.

213    Puji Konjuk Gusti    

Puji konjuk Gusti ratuning swargi
Kang angesorken srira myang manjalma,
miyos wah sugengnya tansah nandhang sangsara,
mrih mulyakken jalma luwar saking dosa
Haleluya.

214    Timbalan Nulad Gusti    

Pinuji tansah Allah Mamirah
kang asih darma mring gung manungsa
nladhani kita welas asih nyata
mring tyang kang ringkih wah nandhang sangsara.

215    Cahyeng Endah    

Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat
duk praduta swarga prapti ngundhangaken sih rahmat
raharja prajalma kang sinungan kawaluyan
lantaran Sang Pamarta lantaran Sang Pamarta.

216    Kanca Agiyaka    

Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga
tedhak ing donya dados bayi papa

payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti
sung-pisungsung panggunggung mring Gusti. 

217    Lintang Endah    

Lintang endah nyaritakna rawuhing ratu swarga
sagunging pra manungsa gya sowan asung sembah nyata
ratu swarga Maha mulya ngesorken sarira
karsa nebus manungsa

218    Yesus Kristus Rawuh    

Haleluya Yesus Kristus ngrawuhi manungsa
padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya

219    Warta Kabegjan    

Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman
saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta.

220    Dalu Suci    

Dalu suci tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta
tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlekhem
Gustining dumadi Gustining dumadi.

221    Rawuhing Ratu Tentrem Raharja    

Pra manungsa giranga mujia pra mudita
ratu nira wus prapta ratu ning tentrem raharja
pra manungsa giranga mujia pramudita

222    Rawuhing Ratu Sejati    

Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa
nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun
pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji.

223    Allah Asih Marang Jagad    

Kapireng swara gumyak ngumandhang saking swarga
paring wartos kabingahan tumrah mring pra manungsa
sestu AIlah tresna ngantos ngutus Putranya
maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya

Rungokna swaranya paring wartos basuki
Rungokna swaranya Pangeran asih mring jalmi. 

224    Adining Dinten Natal    

Dinten natal dinten adi wiyosing Sang Kristus Gusti
sumangga sumyak memuji sung pisungsung trusing ati
wah ngundhangken sih rahmatnya sarana tumindak nyata.

225    Kang Pinilih Ing Rawuhe Gusti    

Betlehem ing Efrata saestu prasaja
nging pinilih ing Gusti dadya negri adi
dene neng kandhang kewannya miyosing Sang Pamarta
Allah sung waluya tan mawang manungsa.

226    Kamulyakna    

Kamulyakna Hyang Maagung ing suwarga ing suwarga ing suwarga
tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan
kluhurna Allah neng swarga kluhurna Allah neng swarga
tentrem rahayu ana ing bumi tentrem rahayu ana ing bumi
ing manungsa ing manungsa kang sinarjonan
ing manungsa kang sinarjonan kang sinarjonan
pinujia pinundhia Hyang Ma agung ing suwarga lan ing bumi
tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan
amin, amin.

227    Sang Pepadhang Sejati    

Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti
nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki.

228    Sang Ratuning Katentreman    

Bangsa kang mlampah neng pepeteng sumerep pepadhang langgeng
samya ngidungken kabingahan lir kraharjan ing panenan
de pasangan saha rembatan nggih panindhes kasangsaran
saestu sampun kasirnakna wit Sang Pamarta wus prapta.

229    Linuhurna    

Gya linuhurna Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya
Jagad bilai Kristus ngrawuhi swawi sami den pepuja
rawuhe Gusti datan ngadiIi malah ngluwari tyang dosa

230    Kabingahan Ingkang Sejati    

Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti
memuja, misungsung, ngaken dosa lan nyenyuwun
bingah bingah trusing manah sung kabegjan dhateng liyan
numrahna ! raharja wit wus prapta Sang Pamarta

231    Kaelokan Sayekti    

Kaelokan sayekti Allah ngesorken dhiri dadya manungsa
papa miyos neng kandhang nistha nladhani sagung manungsa
welas asih tresna nyata ngapunten sagung lepat dosa
sayogya memuja Allah asih manungsa.

232    Kidung Dinten Natal    

Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika
Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa
wit gung sihnya mring manungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa

233    Panyuwun Mring Gusti Ing Dinten Natal    

Dhuh Gusti Sang Pantara kawula nglenggana
kadya Zakharia bapa tan manteb pracaya
mugi ing natal niki Gusti sung aksami.

234    Allah Tumedhak Manjalma    

Allah ngesorken srira wit nglabuhi jalma
manungsa tan waluya ngendelken dhirinya
mung karana tresna gesang tentrem raharja
tyang lepat tinuntun tobat sranaden apura.

235    Sang Ratu Adil Sejati Wus Prapti    

Sang Ratu Adil sejati
samangkya sestu wus prapti
maringken tentrem raharja
tumrah mring sagung manungsa.

236    Allah Nunggil Mring Jalmi    

Bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan,
nging yeku Gustining pra gusti manjalma sung gesang yekti,

Tansah pinuja Allah Mamulya kang ngasihi pra manungsa
tentrem raharja tumrah neng donya wit sang Pamarta wus prapta. 

237    Wiyosipun Gusti    

Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat
gedhe cilik tan kliwatan payo muji Pangeran.

238    Gloria Konjuk Hyang Maha Luhur    

Sing saindenging bawana ngumandhang kidung puja,
methukken mring Sang Pamarta, kang manjalma neng donya
Gloria Allah Maha mulya Gloria Allah Maha mulya

239    Rawuhing Sang Imanuel    

Sang Imanuel gya prapta anglari sagung manungsa
li nuwaran sing naraka temah raharja slaminya
pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta.

240    Pamuji Ing Dinten Natal    

Pamuji mring Gusti kang trusing ati
ing dinten riyadi natal puniki
prihatosing driya ginantos bingah,
kuwatosing donya sirna wit berkah.

241    Warta Basuki    

Mring tyang asor wah tyang prasaja kang angantya mring Sang Kristus
Mlaekat sing swarga sung warta rawuhira Sang Panebus
mung bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan
yeku Sang Mesih kang wineca nggih Allah kang manjalma.

242    Sang Pamarta Wus Manjalma    

Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi
ratuning para ratu Gustining pra gusti

rungokna kidung puja sing pra bala swarga
Sang Pamarta wus manjalma sung urip sanyata.

 

243    Rawuhing Ratu Adil    

Kabingahan kang sejati nyrambah ing bumi
Ratu adil sampun prapti jagad tentrem yekti
manungsa basuki makluk wrata saOs bekti.

244    Dalu Adi    

Dalu adi abyor cahyeng kartika
dalu suci miyosing Pamarta

jagad raya kang risak wit duraka
den pulihken pindha Pirdus mulya

pra manungsa kang sangsara wit dosa
linuwaran mrih tentrem raharja

mangga sujud saosbekti mring Gusti
dalu adi Panebus wus manjalma
dalu suci Sang Kristus wus prapta.

245    Sang Ratu Swarga Prapta    

Kanca suraka agiyaka Sang Ratu swarga mangkya prapta
ngluwar kula sing bebandan salir kasusahan ing driya
mangkya dadya pamuji suka wit sang Putra sampun prapta

246    Sangsaranipun Gusti    

Dhuh Yesus Gusti kula sinandhangan wirang
rikinarya makutha pinoyok tyang kathah
rinangket lir durjana, cinampah siniya
dhuh Allah punapaa, tan ngeman kang Putra.

247    Pamuji Ing Jumat Agung    

Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti
kang dados juru basuki karsa ngurbanken dhiri
sinalib dumugeng seda nyangnggi bebendu ning dosa
mrih tyang pracaya waluya, rinukunken klayan Allah,
nggih dinadosken PutraNya cinadhang kraton swarga.

248    Sangsaraning Gusti    

Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu
nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru
ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya
jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.

249    Gusti Yesus Sinalib    

Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga,
karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad.

250    Kapotangan Kula Dhateng Gusti    

Dhuh Pamarta ingkang seda nebus kula saking dosa
temah kula dados putra ingkang darbe gesang nyata
dene kula nyaur napa? Dene kula nyaur napa?
Gusti sampun nebus kula dene kula nyaur napa.

251    Yesus Abdining Sang Yehuwah    

Abdining Sang Yehuwah, yekti mung Yesus Gusti
kang sumuyud mring Allah sampurna suci
kang ngurbanken dhiri wit tresna yekti
mrih sesami raharja mulya ing swarga

252    Lelabetanipun Gusti    

Kula rumaos kang trus ing batos
wit kula dosa Gusti sangsara

Ooo kula tiyang kang kawlas asih
amlas arsa den labeti Gusti dugeng seda. 

253    Neng Getsemane    

Neng taman Getsemane Gusti nyangga siksa miwah bebendu
nglawan pagirising pati krana gunging dosaku

yogya nggonku nanggapi sih rahmate Gusti
yekti amung sawiji pracaya lan bekti. 

254    Yesus Yekti Pamarta    

Yesus Sang Pamarta yekti wus ngawonken pati
sanadyan sinalib seda nanging wungu nulya
pindha wiji kang katanem lir sirna krana kapendhem
nulya tuwuh lan ngrembaka sarta angrebda wohira
Gusti wungu unggul sing antaka.

255    Sang Kristus Manungsa Sampurna    

Manungsa sampurna yekti yeku Kristus Gusti
mbabarken tresna nyata srana kurban nyawa
sangsara dumugeng seda nebus gung manungsa
temahan samya waluya luwar sing antaka

256    Mandeng Yesus Kang Kasalib    

Mandeng Yesus yeku Gusti
kang sinalib wah ngemasi
sirna gumunggunging ati
nging ngorong mring urip suci.

257    Ing Golgota    

Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda
wit dadya kurban sanyata nggih ngruwat manungsa dosa
naraka wah antaka kwasane den sirnakna
saliring tyang winenganan korining Kraton swarga

ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa
mardika gesang nyata. 

258    Kemenanganing Tresna    

Sang Kristus Ma suci nging sinalib ngemasi
wit pangadilan tan adil wah seksine dora
jagad ngumbar kekerasan lan dosa
de Sang Kristus mbabarken tresna nyata

Kristus seda den paeka nging wungunya 

yeku tandha kemenanganing tresna. 

259    Rahe Gusti Panebus Yekti    

Nadyan Gusti suci tan dosa nging sinalib sami durjana
dadya kurban ingkang sampurna ngruwat manungsa

rahe kang suci panebus yekti
sagung dosa linebur sirna angger pracaya. 

260    Sang Kristus Gusti    

Sang Kristus Gusti Maha mulya tedhak mring bumi lan manjalma
ngesorken srira pindha abdi ngruwat tyang dosa mrih basuki

pra tyang pracaya bra wartakna Injil kang suci salaminya
tan ajrih geter was ing driya wit Gusti nganthi salaminya. 

261    Tinebus Babar Pisan    

Uwal sing laknat kabegjan kita Gusti wus seda ambirat dosa
temah luwar sing paukuman pangluwaran babar pisan

babar pisan dennya nulungi babar pisan dennya ngasihi
rumaketa ing pamenthangan mesthi luwar babar pisan. 

262    Panglipur Kang Sejati    

Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti
Sang Kristus kang tanpa dosa dados kurban sampurna
sinalibken temah seda tinegakken Sang Rama
ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga
ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga.

263    Etuking Karahayon    

Wonten rah kang suci mancur neng ardi Golgota
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa
kang ngicalken dosa kang ngicalken dosa
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.

264    Mandeng Salib    

Srana mandeng salib ing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti,
wit Putraning Allah wus sinalib seda ngrembat laknat dosaning jagad

Swawi den pandeng srana mandeng 
salibing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti. 

265    Salibing Sang Pamarta    

Sinalib ing Golgota temah dugeng seda
Yesus kang tanpa dosa nebus gung manungsa

Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti. 

266    Sihe Allah    

Wit Allah asih manungsa, masrahken Putranira
dados kurban kang sampurna sinalib dugeng seda,
sih rahmat kang lelahanan nylametken babar pisan
angger tyang purun pracaya luwar sing pati ing nraka
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

267    Wungunipun Gusti    

Swawi pra kanca girang memuji Kristus sinalib wus wungu yekti
Pamarta kita wungu sanyata mangkya jumeneng ratuning gesang
Gusti Panebus prange wus unggul, pati wus kalah kwasane sirna.

268    Wungunipun Gusti Panglipur Kula    

Gusti wungu sing seda sampun ngawonken antaka
wungune Sang Pamarta panjernya tangining raga
ngrasuk gesang sampurna yeku panglipur kula.

269    Pamarta Kula Agesang    

Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang,
dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

270    Gusti Sampun Wungu    

Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu sampun wungu
kwasaning pati sampun sirna tyang kang pracaya gesang nyata
Gusti sampun wungu Gusti sampun wungu saestu sampun wungu
wungune Sang Kristus dados panjernya tangining raga ing mangkenira
nulya ngrasuk kasampurnan ing swarga yogya tansah manteb ing pracaya
Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu, sampun wungu.

271    Ananging Gusti Wus Wungu    

Jagad kang cilaka saya sangsara de tega nyedani Yesus Gusti

nging Yesus wungu yekti ngawonken gung dayaning pati
tyang pracaya gesang tentrem raharja, linuwaran sing pangrehing antaka
tan wedi nekseni Injil kwasaning Gusti. 

272    Sang Kristus Wungu Jumeneng Ratu    

Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing reh ing pati
nging seksi dora sung warta nglawan bebener sanyata,
Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu.
Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing rehing pati
nging tyang kathah memoyoki nglawan Injil warta suci
Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu.

Buktinira gesangnya tyang pracaya urip anyar mbabarna sih tresna
tansah ngundhangken sih rahmating Allah sarta nglantarken berkah mring gung titah,
jagad tentrem raharja sanyata aneng pangrehNya Ratu Adil kang Maha kawasa
Gusti Sang Kristus pinuji tansah, Haleluya. 

273    Gusti Wus Wungu    

Gusti Yesus wus wungu, puji Allah, Haleluya,
pati kawon saestu, puji Allah, Haleluya,
mbabar gesang sejati, puji Allah, Haleluya,
sumrambah ing sabumi, puji Allah, puji haleluya.

274    Kaluwaran    

Luwar, luwar, luwar saking siksa, puja, puja, konjuk Sang Pamarta.
samangke kita merdika wus kawon pangrehing dosa wit Sang Kristus wungu nyata

sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja. 

275    Punapa Dosanipun Gusti Yesus    

Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Masuci nging sinalib seda ?
krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa.

276    Yesus, Gusti Wungu Sing Pati    

Pepadhanging bumi wiwit nelahi ing dinten minggu adi
pageger muwuhi kuwuring ati tyang Yerusalem nagri
wit kuburing Yesus menga layonnya ilang musna
Yesus yeku Gusti wungu sing pati dadya juru basuki

Wartakna Injilnya kang mbabar tentrem raharja
wujudna sih tresna srana tumindak nyata. 

277    Mulada Kayuning Laknat    

Minggah ardi Golgota wus lungkrah sriranya,
Yesus kang tanpa dosa sinami durjana
Ilang ajining dhiri, nir pamoring Gusti
Tansah ingewan-ewan, sarta jinemalan
Putreng Allah sejati sinalib ngemasi.
Rahe Yesus kang suci wus nelesi bumi,
nyirnakken sagung dosa, nucekken manungsa
Sang Kristus pegat nyawa, nir kwasaning dosa
Salib kayuning laknat, dyan dados sih rahmat
margi muktining mukti kalis saking pati,
pinuji-puji Allah kang asih mring jagad
Putranya kinurbanken mrih jalma raharja
pinuji-puji Allah kang ngluberken rahmat
tyang kang samya pracaya lulus aneng swarga
Mulada tan kendhat mring kayuning laknat.

278    Gusti Netepi Janji    

Taman Getsemane kang sepi, kang dadi seksi
Sang Kristus nglawan prihing galih wit ajrih klawan sedih
tan ana siji rowang kang ngancani mung godhong garing kang tibeng bumi
mangkya wus tumekaning pesthi,
Gusti netepi janji.

279    Kristus Sang Pamarta, Sinalib    

Kristus Sang Pamarta siniksa siniya nulya sinalib ing Golgota,
iblis lincak-lincak, setan surak-surak nganggep kwasaning Kristus suwak,
nging yektine Sang Kristus menang, dosa kwasaning iblis ilang
pati, dayaning dosa musna, tyang pracaya gesang sanyata.

280    Pamuji Ing Dinten Mekradipun Gusti    

Swawi sami sung pamuji ing dinten adi niki
Gusti sumengka mring swarga nyawisi papan sampurna mring tyang tuhu pracaya.

281    Sang Kristus Sumengka    

Wus rampung wus purna pakaryaning Gusti Sang Kristus sumengka dhateng swargi
mring tyang kang pracaya dhawuhira martosken Injilnya sumrambaha

Gusti sumengka yeku panjernya gesang sampurna neng Kraton swarga
tyang tuhu pracaya asih bekti ndherek kamulyannya nunggil Gusti. 

282    Undhangna Sang Kristus Jumeneng Raja    

Kristus Gusti sumengka mring swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi
nggih martosken Injil sih rahmatnya kang nampenana sinungan begja

bra undhangna Sang Kristus jumeneng Raja kratonira tentrem raharja. 

283    Panelangsa Ing Riyadi Mekradan    

Dhuh Gusti kang wus sumengka kawula nalangsa
nglirwakken dhawuhing Gusti nekseni Injil sing swargi nresnani sesami

dhuh Gusti nggih Sang Pantara mugi mbelani mring kula
mrih manggiha pangaksama wah gesang anyar nyata. 

284    Roh Suci, Rohing Kayekten    

Dhuh Roh Suci Roh kayekten maringana kasekten
mrih tyang pracaya nekseni Injil suci sing swargi
sarana tumindak nyata tresna kang trusing driya
temah sagung pepadha sinungan tentrem raharja
tan wonten kasangsaran mung kabegjan sinandhang.

285    Panyuwun Mring Sang Roh Suci    

Ing dinten gung Pentekosta kula sung pepuja wit Sang Roh wus nuntun greja mrih lestantunira

Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula mrih martosna Injil suci wradin mring sesami. 

286    Pentekosta    

Gusti kang satuhu setya sampun paring prajanji
tansah nunggil kagungannya lantaran Sang Roh Suci,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.

287    Panyuwun Ing Dinten Pentekosta    

Dhuh Sang Roh Suci ngiyatna mrih kula mursid nyata

nggih bekti mring Sang Pamarta welas asih pepadha
dhuh Gusti Roh Sucinggih andel andel sanyata
tumedhaka jroning ati nganyarken gesang kula
Gusti mugi nganyarken gesang kula. 

288    Mbangun Turut Mring Sang Roh Suci    

Sang Roh Suci Rohing AIlah kang nucekken manah
nuntun pasrah Sang Pamarta sinungan waluya
yen mejahi rehing dosa kanthi trusing driya
manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga

Kula samya gung kapotangan wit sihing Pangeran
Yogya gesang mursid yekti manut Sang Roh Suci. 

289    Nyuwun Panuntuning Roh Suci    

Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati,
Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami,
wit panuntun Paduka kula gesang sembada.

290    Pamuji Wit Sang Roh Suci    

Sumangga pra kanca ngulukken kidung puja,
wit sih paIimirma sinungken mring manungsa
dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati
nggih nganyarken budi nuntun gesang suci.

291    Wit Kwasaning Sang Roh Suci    

Sang Roh Suci sung daya ngasorken panggodha
manah semplah wit sisah sestu dados bingah
tyang rinoban pepeteng sinung padhang langgeng
mila ayem ing driya tentrem rarja

wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti
tansah begja kalis sing rehing pati. 

292    Pamuji Ing Riyadi Pentekosta    

Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puji
ing riyadi Pentekosta puniki
Paduka tumedhak lumebet ing driya
mrih kula pracaya Sang Pamarta
Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.

293    Dhuh Roh Suci Rohing Gesang    

Dhuh Roh Suci Rohing gesang
mugi nyagedna mring pasamuwan,
mbabar adil bebener nyata
temah bebrayan tentrem raharja

294    Kababaring Roh Suci    

Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntuna mring kula slaminya
mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja
ngrukunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa
nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gusti nuntuna mring kula.

295    Sang Roh Suci    

Sang Roh Suci dedalem ing ati nucekken mrih gesang anyar yekti
mung tansah olah katresnan wah gesang ing kabingahan Sang Roh Suci dedalem ing ati.

296    Krana Roh Suci    

Krana Roh Suci dedalem ing ati kula luwar sing pati
gesang sanyata tentrem raharja mangkya sinungken mring kula
ing wusananira manggih tangining raga
kadya Sang Kristus Gusti kang mulya.

297    Wit Sang Roh Suci    

Wit Sang Roh Suci kula kasagedna
martosken Injil adi Kraton swarga
wit Sang Roh Suci kula sinung daya
nekseni Yesus Gusti Sang Pamarta.

298    Prayogining Brayat Kang Rukun    

Sanyata prayogi wah endah mulya
tyang sagriya rukun pitepangannya,
ngreronce katresnan yekti berkahing Allah tansah ngerobi
lir embun enjing kang anyrambahi, mung kraharjan kang pinanggya.

299    Kabegjaning Brayat    

Gusti Allah ingkang Ma'asih wit saking sih rahmatipun
sampun nimbaIi tyang kekalih gesang tansah atut rukun,
tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting ma nah
nging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci,

Brayat begja wit tinunggil AIlah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci. 

300    Karahayoning Tyang Gegriya    

Arahayu sagunging tyang gegriya ingkang tansah rumaket mring Gusti,
mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah prentahnya pinundhi
sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas,
rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

301    Pandonga Kangge Panganten    

Mugi Gusti mberkahi panganten puniki,
tulus asih sinihan dumugeng delahan.

302    Tangsul Suhing Neningkahan    

Tangsul suhing pala krama ingkang sestu santosa,
nggih tresna ingkang sejati tulus sepi ing pamrih,
kados tresnaning Sang Rama dhateng sagunging tyang dosa
myang ngurbanken kang Putra.

303    Janji Panganten    

Tangan kekalih salaman tandha manah tunggilan
sinartan janji satuhu tresna tinresnan saestu
salaminya setya tansah jroning bingah dalah sisah
netepi ing kuwajiban tyang utami kang bebrayan.

304    Brayat Kang Nengsemaken Sesami    

Brayat kang tinangsulan ing tresna tetales pitados mring Gusti
mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih silih asuh tan pamrih
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

305    Brayat Kang Raharja    

Kadya Adam lan Kawa kang dedunung neng Pirdus,
ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus
tresnanya murni, gesangnya suci,
rukun setya wah raharja tansah tinunggil Rama 2X

306    Neningkahan Kang Binerkahan Gusti    

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci,
sembada ing prang rohani, nglawan iblis julig yekti
tumemen ing pandonga, wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama,
mersudi ing kamursid.an miwah gesang masamuwan,
tan laIi dados seksi wah lelados sesami,
mbabar sih tresnaning Gusti.

307    Panganten Kang Binerkahan    

Rahayua salaminya panganten kang mangkya binerkahan,
aprajanji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti,

saosa sokur saben wektu kanthi sawutuhing uripmu
ngabektia, leladia, dadia seksining sih rahmatNya. 

308    Mring Padalemaning Allah    

Sestu nengsemken, dhuh Gusti, kagunganta dalem suci
papan pangabekti piniji nyawa kula sanget kapang
sowan Gusti sesarengan, sung panggunggung aneng pamujan,
manah sumyak mring Pangeran nggih Allah kang mengku gesang.

309    Dalem Pamujan    

Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman
Wonten pundi Sang jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan

neng pamujan kapireng swara pujining para pracaya
kang sinalib yeku Sang Kristus jumeneng Juru Panebus. 

310    Greja Prasasat Baita    

Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya
nadyan tan sepi bebaya ombak lan prahara
mesthi tulus kang sinedya gisiking sampurna
angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya
temah sembada widada kalis sing rubeda

Ayo di sedya tulung tinulung tunggal 

sedya karya aneng Sang Pamarta
ngantos salaminya. 

311    Adegipun Greja    

Tetalesnya sawiji peparang sejati
nggih Gusti Yesus Kristus kang dados marginya
Adeging salir greja ing tengahing donya
mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad.

312    Patunggilaning Pasamuwan    

Yekti nengsemken ing ati
pasamuwan kang nyawiji
tansah lung tinulung silih mbiyantoni
nekseni asmaning Gusti.

313    Papan Pangibadah    

Papan pangibadah saestu ngangeni
kawula sami ngabekti ngraosken nunggil lan Gusti
ngluhurken asmanya mirengken sabdanya

mareka, mareka kanthi manah tulus memuji
nampi berkahing Gusti mrih saged mbabarken tresna. 

314    Pasamuwan Kang Nyawiji    

Pasamuwan kang nyawiji netepi sabdaning Gusti
dadya paseksi sanyata Yesus yeku Sang Pamarta
sih rahmating Allah tumrah mring gung manungsa,
sumrambah saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira.

315    Indonesia Negari Kula    

Indonesia negari adi kang sestu kula tresnani,
tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Allah Sang Rama,
wus mesthi tansah kula labuhi klayan eklas trusing ati.

316    Pamuji Sokur Awit Kamardikan    

Atusan taun kawula jinajah,
nging samangkya kula wus merdika,
sestu niku mung sih rahmating Allah
lantaran perjuangan kula sabangsa

agung sihing Allah Hyang Maluhur,
swawi kanca tansah saos sokur
kanthi giyat tumemen makarya
mrih raharja lahir lan batin kita. 

317    Indonesia Nagri Endah    

Indonesia nagri endah peparing ing Yehuwah
mila kula dongakaken mrih raharja wah tentrem.

318    Tresna Mring Sesami    

Tresna mring sesami kang trusing manah
wit salir sesami citreng Allah
yeku wujudira tresna mring negari
nglabuhi mring bangsa mrih lestari.

319    Endahe Saduluran    

Endahe saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni, wah mbiyantoni
nadyan beda agama wah beda golongannya
tunggal rasa pambekan pri kamanungsan,

kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja 

320    Gusti Mesthi Prapta, Maranatha    

Kawula ngantya nagri swarga nagrining kasampurnan nyata
nunggil Gusti ing kamulyannya wus lali prihatin ing donya

Neng nagri sampurna kita langgeng tentrem raharja
Neng nagri sampurna mung tansah memuji memuja. 

321    Ngantya Nagri Sampurna    

Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata
ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya
tyang kang tresna mring sesami ajrih asih mring Gusti
kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti.

322    Gusti Rawuh Ngadili    

Sang Kristus Gusti wus badhe prapta angadili gung manungsa
tyang duraka mindhak durakanya de pituwase nraka
tyang mursid mindhaka mursid yekti nucekken gesang manut mring Gusti
yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.

323    Sareh Ngantya Bujana Swarga    

Langit lan bumi kang anyar nulya enggal binabar
wus tan wonten kasangsaran mung langgeng ing kraharjan

den sareha tyang pracaya ngantya bujana swarga
kita nunggil Sang Pamarta nunggil ing kamulyannya. 

324    Wonten Ing Swarga    

Wonten ing swarga saiba nengsemna
tyang gesang nyata kanthi sampurna
ngriki gung ribed sedhih sangsaranya
ngrika gung ayem tentrem sayekti (2X).

325    Kangen Mring Gusti    

Aku kangen mring Gustiku kang tansah dak antya rawuhnya
mulung tyang pracaya satuhu wah sumuyud tulus ing driya

Gustiku neng swarga aku kangen mring Gustiku,
Gustiku, Gustiku kang kwasa ing bumi dalah ing swarga. 

326    Kori Ingkang Menga    

Kula sumrep kori menga kang anjog dhateng swarga
yeku sih rahmate Allah lantaran Sang Pamarta

Sokur dene kula niki nggih taksih winengan kori
kula, kula, nggih kula sadaya. 

327    Panduman Kula Kamulyan Swarga    

Kawula angantya kanthi sabar Yerusalem kang anyar
nggih padaleman suci sanyata yeku kratoning swarga

sestu kula begja sestu kula begja
krana pananggeling Sang Pamarta 
panduman kula kamulyan swarga 

328    Nagrinipun Gusti    

Wonten nagri maha adya
yeku kraton swarga
saliring panandhang sirna
mung tentrem raharja
sinandhang sampurna

Nagri niku nagrinipun Gusti
nagri niku nagrining tyang pracaya wah mursid 

329    Raharjaning Tyang Setya Mring Gusti    

Sestu raharjanira tyang setya mring Gusti
tansah olah katresnan lir tresna wiwit an
mung tyang tuhu sembada sinungan makutha
gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya

330    Pangadilan Pungkasan    

Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili
langit lan bumi gya malih dadya swargi
Kratoning Allah nggih binabar sampurna
iblis dosa mangkya sirna

Sestu rarja yekti
tyang kang dugeng janji
ing patunggilannya Sang Pamarta
nunggil Gusti aneng kamulyan ing swargi.
 

331    Sang Kristus Rawuh Ngadili    

Sang Kristus rawuh ngadili mring tyang salumahing bumi
kawiyak sagung wewadi ing ngarsaning Gusti
tyang mursal nggih kawistara tyang mursid katitik nyata
saliring tyang kaadilan manut pandamelnya

mung tyang welas asih klayan trusing driya mring tyang ringkih lan papa
yekti tyang tresna sestu mring Kristus Gusti kepareng mlebet swargi 

332    Maranatha    

Maranatha, maranatha, dhuh Gusti mugi prapta
tyang kang menang nglawan dosa tansah manteb ing pracaya
nampi ganjaran sing Gusti wohing wit panguripan
ing taman Pirdus yekti.

333    Gumantosing Warsa    

Gantosing wulan lan warsi sung berkah enggal sing Gusti,
yogya kula samya loma misungsung kang trusing driya.

334    Pamuji Warsi Anyar    

Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti
sajroning warsi lami kita rineksa sing pati
nadyan tinempuh panggodha nging mantep pracaya,
wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki

335    Panyuwun Ing Warsa Enggal    

Dhuh Gusti kula ngakeni kanthi tulusing ati,
dosa kang kula lampahi salebeting warsi lami,
Gusti mugi angaksama, mrih kula ayem nyata.

336    Gusti Kang Nganthi    

Mangsa mesthi silih gumanti, wanci rina ganti ratri,
swau kita tetunggilan samangkya kita pepisahan,

Gusti kang nganthi, Gusti kang nganthi, temah kita tansah basuki,
Gusti kang ngreksa, Gusti kang ngreksa, temah kita tansah raharja. 

337    Kasanggeman Ing Warsa Enggal    

Siyang dalasan ratri silih gumanti
tan ana kang langgeng ing bumi,
mung sih katresnaning Allah kang Makwasa
lan katresnanira kang langgeng nyata.

338    Warsa Enggal    

Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami,
gya napaki panjangnya warsi enggal puniki,
nadyan tan saged ndugi momotan myang kabegjan,
wit sih rahmate Gusti kita samya basuki

339    Pamuji Bebukaning Pangabekti    

Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama,
wah panunggiling Roh Suci tumraha ing kawula,
Amin.

340    Pambukaning Pangibadah    

Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama,
wah patunggilaning Sang Roh Suci, tumraha ing kula,
nggih kula sadaya,
Amin, Amin, Amin

341    Pamuji Bakda Winulang    

Haleluya, puji sarta sokur wah sembah kaurmatan,
kaunjukna mring kang Maha luhur, dening gung pasamuwan,
sihe Allah Rama lumuntura wah sihing Gusti tumrah mring kula,
Roh Suci anunggila ing salami-laminya.

342    Pamuji Panutuping Pangabekti    

Sih rahmat tentrem rahayu sing Gusti, saha sihing Rama,
tuwin patunggilane Sang Roh Suci,
tumraha mring kula sadaya Amin.

343    Purnaning Pangabekti    

Pinujia nggih Allah Sang Rama wah Sang Putra lan Roh Suci
purna pangabekti aneng greja ngrasuk gesang saben ari

payo nindakna kang trusing ati sabdaning Gusti Sung gesang yekti
sinartan dening berkahing Gusti sung sih rahmat mring sesami. 

344    Sih Rahmat    

Mugi sih rahmate Gusti
lan sihe Allah Sang Rama
wah panunggile Roh Suci
tumrah ing kawula
Amin.

345    Tentrem Raharja    

Tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita
tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita.

avatar
Admin LIRIK LAGU KRISTIANI Online
Welcome to LIRIK LAGU KRISTIANI theme
Chat with WhatsApp