Lagu Jawa rohani - Kidung Pasamuwan KPKA No 11-20 [Lirik Video]
KPKA 11
↑ Kembali ke Daftar
Sih Kawelasanipun Allah
1.Kula sami kekempalan memuji dhateng Allah kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.
2.Agung kanugrahanipun kang maring para umat agung palimirmanipun mring tiyang kang mratobat.
3.Ngantos kang putra kinasih ingutus dhateng donya awit sihe Allah inggih sinungken mring manungsa.
4.Supados sawaminira tetiyang kang pitajeng mring Kang Putra sampun sima nging sinung gesang langgeng.
KPKA 12
↑ Kembali ke Daftar
Yesus Sang Pangen Sejati
1.Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya.
2.Sang Kristus Pangen utama kang sampun ngetohken nyawa, nebus kula saking dosa wah nuntun kula mring swarga.
3.Gusti ngayomi mendanya inguwalken sing rubeda, mrih tan tiwas ing panandhang nging tansah manggih kabegjan.
4.Gusti ngempalken mendanya kadadosaken sapantha, kinen gesang atut rukun mbangun turut Pangenipun.
5.Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa, lamun wonten kang ketriwal den luru mrih datan ical.
KPKA 13
↑ Kembali ke Daftar
Aku Duwe Pamarta
1.Aku duwe Pamarta Yesus Kristus asmanya kang wus ngurbanken sarira ngruwat aku sing dosa.
Reff: duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.
2.Aku duwe Pamarta satuhu ing kasetyan, yen aku nyangga panandhang pinaringan karosan.
3.Aku duwe Pamarta putreng Allah pribadya, yen aku karoban susah tinunggil mrih tan lesah.
4.Aku duwe Pamarta salaminya pangrehe, lamun pepeteng nglimputi Gustiku kang ngluwari.
5.Aku duwe Pamarta sih rahmate tan kendhat, yen aku tumibeng dosa den tuntun mring pitobat.
KPKA 14
↑ Kembali ke Daftar
Allah Maha Suci
1.Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja, suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya.
2.Suci, suci, suci pujining pra suci angumandhang sora ngebeki akasa, pra mlaekat sami sujud angabekti, ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat.
3.Suci, suci, suci, Allah Mahasuci gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti, tetalesing bumi gonjing dening puji, pra makluk wrata girang memuji.
4.Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya, nucekken manungsa kang pitados yekti, yogya pinuji langgeng slaminya.
KPKA 15
↑ Kembali ke Daftar
Panggunggung Mring Pangeran
1.Dhuh Pangeran Yehuwah kula ngaturken sembah klayan bingah ing driya nggunggung Asma Paduka kang Ma luhur Ma mulya Gustining makluk samya.
2.Dhuh Sang Yehuwah Gusti Paduka kula puji ing dalu dalah rina agung sih kawlasanta luber berkah Paduka tumrah mring titah wrata.
3.Dhuh Yehuwah Pangeran kawula ngidung girang wit-sih rahmat Paduka kula samya waluya luwar sing rehing pati sinungan gesang yekti.
KPKA 16
↑ Kembali ke Daftar
Puji Mring Allah Kang Maha Wasesa
1.Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa muji ramya binarung lan sawernining gangsa nggunggung Gustining pratitah.
2.Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira, ngreksa lan ngrimati srana lubering berkahnya, tinebus temah waluya.
3.Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata, tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya.
KPKA 17
↑ Kembali ke Daftar
Pamuji Konjuk Mring Allah
1.Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken jagad raya wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga.
2.Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata.
3.Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami.
KPKA 18
↑ Kembali ke Daftar
Sih Kamirahanipun Allah
1.Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa ingangkat dados putra tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti.
2.Sih nugrahaning Pangeran pinaringken lahanan tan wonten dosa duraka kang datan ingapura.
3.Sihing Allah sestu adya mulyakken tyang pracaya mrih dados rowangnya tansah mbabar kratoning Allah.
KPKA 19
↑ Kembali ke Daftar
Angluhurken Allah
1.Swawi sami muji Allah Pangeran Maha wlas Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas.
2.Tan males dosa duraka Pangeran Mahawlas nging ngegungken sih apura Pangeran Mahawlas.
3.Swawi olah tresna tansah Pangeran Mahawlas pratandha sokur mring Allah.
KPKA 20
↑ Kembali ke Daftar
Panggunggung Konjuk Mring Pangeran
1.Pangeran Ma mulya yogya kula puja dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula.
2.Pangeran Mamulya yogya kula puja dene karsa maringaken Putranipun pribadya dinadosken Pamarta kula.
3.Pangeran Mamulya yogya kula puja de tan karsa malesaken sagung klepatan kula.
"Nanging karsaning Allah iku tetep ana ing salawas-lawase."
— 1 Yokanan 2:17
— 1 Yokanan 2:17
